"Sekedar umpatan dan teriakkanku yang semuanya tersimpan dalam barisan kata"

Kamis, 16 Mei 2013

Politik dan Dukun'isme

Pemilihan Dukun Sakti
Oleh : Tino Achmad Saptono[1]

Demokrasi iku bebas
 Acara pemilihan ning ndi-ndi pasti sing diutamanange yaiku pesta demokrasine. Dakate lagi jaman bengen sih sing ngawiti ana demokrasi kuh ning jagate kompeni, tapi lawas selawaseng dina, Indonesia melu mupu demokrasi nggo acara pilian kien pilian kuwun lan pilian sejene. Maksude mekenen, dadi arepan mili pemimpin apa bae ya pasti ngenggo sistim demokrasi.
Bokat ana sing durung patia paham karo demokrasi. Demokrasi kuh lamon jere elmu itung-itungan sih arane memper-memper kaya rumus. Rumus kanggo ngurus priben carae milih uwong - sing kira-kira pantes dadi pemimpin, mekonon kurang luwihe. Ciri-cirie demokrasi bisa katon sing blak-blakan utawa belie, bebas lan jujur utawa belie, lamonan jere wong jawa sih maninge - ana sogok-sogokan utawa belie, ana uwong bagi-bagi angklop lan gula teh utawa belie.<!–more–>
Gampangane, baka ana mekanan-mekenen kaya sing disebutnang mau, berati kuwun kuh sing diarani demokrasine wis diperkosa. Salah sawijineng cirie demokrasi iku kan katon sing kono, baka ana pengaruh (omongan blenak; blesak) setitik bae mblesaknang wong sejen, nah kuwun geh arane kotor kuh demokrasine.
Dudu pemilian ketua RT, RW/Kepala Dusun, utawa pemilian Kepala Desa bae – pemilian Presiden, gubernur lan sejene geh pada bae ora bisa ucul saking sistim demokrasi mau. Tujuan dianaknange pemilian, - sewerue kita – nggo ngulati pemimpin, dudu ngulati dukun sing paling sakti. Nah, ning kene kih ana sing kudu dilurusnang. Masa iya, baka pas ana pilian apa mbuh apa, rayate kok malah puyeng-puyeng ngulati dukun sakti, wong kuwalik!!!

Gawe rencana strategis, aja luru dukun!
Jagat wis gemebyar padang lunangan, jere boca sekolah sih jagat wis modern, tapi kenang apa wong mikire masih kaya jaman bengen bae. Baka iya pada nduweni elmu agama, sabenere sih sing pasrah lan percaya bae karo “sing ning nduwur”. Aja kuwun sih calon legislatif, calon bupati, calon camat, calon kuwu lan sejene kok pada mobat-mabit ngulati payunge dukun, korsie dukun, selendang, klambi lan sejen-sejene. Ari jare kita sih, daripada waktue kebuang nggo sing mekonon-mekonon, masih mending nggo mikir gawe visi-misi, gawe rencana program kerja utawa nggo persiapan bokat besuk pas kepilih dadi pemimpin kang dimaksud.
Lamon jare bahasae pejabat-pejabat sih, masih mending waktue dinggo kanggo gawe rencana strategis, aja kanggo luru dukun. Nanging yaiku sih, sing arane jagat Indonesia kuh kentel pisan karo tethek bengek sing bli nyambung ning akal pikirane wong waras. Arepan nyalonnang dadi pemimpin jeh nyalatan keder luru watu sakti, luru teken (tongkat) sakti, aduh wis ora peta-peta!!

Pemilu, milih dukun sing paling sakti
Bisnis, mekaya utawa molah sing bisa gawe kegembang wong pirang-pirang pas usum pilian yaiku mekaya dadi dukun. Titennana maning. Baka pas usum pilian apa bae, pasti akeh dukun pada pating trongol. Ndadhak-ndadhak ana dukun sing bisa mekenen lah, bisa mekonon lah. Ana-ana bae tingkae wong luru pangan.
Baka jagate lagi usum pilian, dukun kaya raja – sing nduwe kepenginan apa bae langsung dituruti kenang si calon utawa bakal calon. Pada kepengin dadi dukun tah beli wong? Nanging kudu dadi dukun sing (kaya iya-iya’a; seolah-olah) sakti. Sakti utawa belie bisa dikatonnang sing udud, kopi ireng, pakean, cincin lan sejene. Gampang kan?
Arane bae geh dukun. Baka ana wong takon apa mbuh apa ya pasti dijawabe sing serem-serem, sing beli-beli kah. Masa iya, ana wong takon cara mbari bisa menang nyalonnang jeh nyalat dikongkon marani makam. Wis weru wong ning makam kuh wis pada mati, priben arepan nulungi wong coba? Sapa weru wong-wong sing wis pada selonjor ning jero makam kah asline mah lagi pada rubungan – diajak diskusi kenang malaikat.
Dudu Cirebon arane (kaya-kaya sih) baka bli gawa-gawa dukun. Kitae dewek sering ndeleng langsung, ana dukun lagi kebal-kebul nongkrong ning pinggiran tarub TPS – apa maning tarub TPS pilian kuwu (kepala desa). Biasae ning balai desa ana tarub nggo ndodhoke calon kuwu, titennana pas bengi sedurunge penyoblosan pilian kuwu, biasae akeh kebal-kebule ning menyan, mambu kembang, akeh godhong-godhongan lan sejene, nyenyuker bae kah.
Wayae lagi pilian, nyalat sibuk luru dukun sing paling sakti, ari jare kita mah benere kuh sibuke sibuk mikir rencana nggo mbangun arep kepriben?!. Sibuk takon-takon kepenginane rayat kuh apa?, keluhane rayat apa? kuh mekonon benere jare kita mah. [ ]


[1] Penulis adalah pelanggan warung kopi depan gedung kesenian rarasantang – Cirebon.
Share:
Counter Powered by  RedCounter

Pages

Popular Posts

About Me

Foto saya
Cirebon, Jawa Barat, Indonesia
Seorang Presiden di negara Republik Tinosia

Followers